CERKAK
Ngendhem Rasa

Gendhut Pujiyanto

“Mak, sesuk Ika pengin tumbas buku.”

Tari sing leyeh-leyeh karo nunggu anake sinau makjegageg kaget. Sakbanjure swara anake wis ora patiya dirungokake. Tari bingung amehe mangsuli, kelingan mau sore simboke kepengin ngontrol darah tinggine wae isih disemayani. Durung maneh babagan arisan, pajek listrik, sumbangan nggone Yu Tumi Setu sesuk. Kabeh kaya teka bareng-bareng, lan Tari bingung carane nggolek dhuwit. Sasi iki wae jahitan sepi, mesine nganggur. Tandur sing suwe ditinggalke saiki dilakoni maneh, mung mburu cukup, supaya bisa ngelongi sakabehe.

***

Esuk isih uthuk-uthuk, nanging swara kreket-kreket pit digenjot wis mecah lan nrejang adhem sing isih ngemuli desa. Tekan prapatan desa, pit kuwi banjur mandeg. Wis ana kancane sing uga nggawa pit lan mandheg ana papan kuwi. Sakloron Wanodya iku isih ngadeg sakdhuwure pit, nyawang arah ngidul sajak ana sing ditunggu. Dumadakan saka arah kidul pit telu nyedhak lan sakbanjure mandheg.

“Nunggu sapa maneh, Ndhuk?”

“Mboten wonten, sampun cekap punika”.

Dalan isih sepi, mung wong sing mulih saka mejid lan bakul pitik nggawa bronjong nakoni pendhak wong liwat. Pit onthel cacah lima kuwi tetep digenjot arah mangetan, ninggalke Desa Pandeyan. Ngliwati barongan sing isih radha peteng, nlusupi dalan cilik sakpinggire kalen, gemreneng kanggo ngilangi hawa adhem. Sawah-sawah sing wis semilak warna blachu sajak wis kangen karo sikil uga rumatane rombongan kuwi.

“Yu Karni ora melu ta, Ndhuk?”

“Lha, Mbakyu Tuminah napa mboten pirsa, menawi Yu Karni masuk angin wau ndalu.”

Genjotan pit dialonke, sanajan rada peteng nanging isih bisa padha sesawangan kaget krungu kabar saka Tari.

“Surup wingi isih njaluk injet ki.”

Sakbanjure kahanan dadi ening. Kaya kasorot rong dina kepungkur. Udan ora leren, mung nggrojog terus nganti sing tandur arep leren nanging dipenggah. Kedhokan sing durung ketancep winih kurang sithik, banjur nekat wae sing tandur neruske nancepke winih. Udan wis kaya tumbak sing diclorotke saka ndhuwur, kaya maku awak sing mbungkuk karo dongani winih. Ora dirasakke adhem lan tangan sing gemeter, nujune mung siji. Tandur cepet rampung lan bisa bali cepet.

“Lha Dhik Tari apa wis sehat.” pitakon salah siji wanodya sing pite jengki.

“Nggih, radi lemes, Dhe.”

“Hla kok tetep mangkat ta, Ndhuk?”

“Hla sampun janji kaliyan Pak Badhi. Janji punika utang, kados kula ngaten niki sagede nyaur gek suk kapan. Apa maneh utang budi.”

Tari ora mbacutake guneme. Rombongan pit kuwi isih nlisir dalan cilik sak pinggire kalen. Wis ora ana swara maneh kajaba kreket-kreket pit sing digenjot. Kabeh wis ngerti menawa Tari butuh dhuwit akeh. Simboke loro tuwa, anake sekolah lan butuh ragad. Tari wanodya sing kuwat, garwane seda jalaran kenthir ing Kali Bengawan Solo nalika arep nyebrangke traktor. Kabeh durung bisa lali, amarga kedadeyan kuwi telung wulan kepungkur.

“Kok kayane Pak Badhi ngesir awakmu, Ndhuk.”

“Halah, gek Yu Sri ki ngendika napa. Kula niku sinten, Pak Badhi niku sinten. Pak Badhi punika juragan sawah, sugih mblegedhu, kula ming randha. Menawa Pak Badhi nggolek perawan sedasa mawon mesthi nggih kecanggah”.

“Wong tresna mono ora sapa sira sapa ingsun, anane bungah dan kebak kembang. Lha pa ra mesake anakmu butuh bapak lan ragad kanggo sekolah.”

Tari kelingan sewengi anake njaluk dhuwit kanggo tuku buku lan les. Anake sing lagi kelas papat SD kuwi wis bola-bali njaluk, ning Tari mung bisane nyemayani. Simboke sing uga randha ya mung njagakke asile Tari.

Rombongan wis tekan sawah pinggir dhewe. Winih wis katon dibanjari, Pak Badhi wis ana nggalengan. Esemme katon sumringah, kaya srengenge saka etan sing lagi nginjen endahing bumi. Juragan sawah iku tetap geguyonan, sanajan panen wingi rugi amarga wereng teka ora nganggo kulanuwun. Dhudha sing loma tur ora tau nggresah, anake loro kabeh wus mentas. Siji dadi dhokter, sijine dadi dhosen ana Ngayogjakarta. Tani liyane isih padha nyirik sawah, Pak Badhi ora tau kendhat nunggoni sawah. Jarene sawahe kurang donga, sawahe nesu ora dirawat kanthi sakeca, mung dijupuk wulu pametune tanpa diwenehi donga lan welas asih.

***

Dina iki padha wae kaya rong dina kepungkur. Anane mung mendhung lan grimis. Sedhela grimis leren, mendhung wis katon nyebar ana langit. Telung pathok sawahe Pak Badhi durung kendhat ditanduri. Sedela-sedela Tari ngeluk geger, mindhah blek pring sinambi nyedhakke winih.

“Awakmu kok sansaya anget, Ndhuk?”

“Tak rasake biyasa niku, Yu.”

Yu Tuminah banjur mbacutake sing mindah blek. Saktemene wektu kuwi Tari ngrasakke awake ora nggenah. Wetenge krasa mungkuk, hawane luwih adhem saka wingi-wingi, sesawangane kaya semu lamur.

“Aja ditekadi hlo, Ndhuk. Mesakna awakmu. Entuk dhuwit nanging ragamu rusak ora becik. Wis kana gek leren wae!”

Kepingine Tari jane ya leren, nanging manawa kelingan butuh, kelingan simboke, kelingan Ika, dheweke kudu nguwat-nguwatke.

“Mboten kenging napa-napa, Mbakyu, mangke nggih mantun.”

Tari isih tetep nancepke winih, sanajan kurang titis, dumadakan swara azan Luhur lan udan deres teka bareng.

“Ayo leren dhisik, kabeh padha mentas. Wis azan, lan kayane udane sansaya deres!”

Swarane Pak Badhi ora cepet ditanggapi sing tandur. Mung kurang telung tancepan, tanggung nek ditinggal mentas.

“Kok dak sawang praupanmu pucet ta, Dhik Tari?”

Pitakone Pak Badhi pas wis rampung, lan kabeh ngeyup ana musala pinggir desa.

“Mesakna awakmu, anakmu. Apa durung mbok pikir gunemanku rong minggu kapungkur?”

Pak Badhi kaya arep narik ucapane, nanging wis kebacut. Tari katon isin, ngapa kok Pak Badhi ngomong ana papan kono. Wong sing padha tandur kaget gunemane Pak Badhi. Tari arep ngadeg, nanging dumadakan awake ambruk, semaput. Kabeh bingung, katambahan udane sansaya deres.

 

Omah gedhek 2011

Editor: | dalam: Jagad Jawa |
Iklan Baris
Menarik Juga »